bissmillahiromanirrohim........... neng jroning rogo ono jiwo,
ono ing jroning jiwo jane ono roso,
roso kang katali nyawiji marang ati,
mulo jiwo,rogo,ati,kudu nyawiji manunggaling marang Gusti
ilat mangucap ,pikiran angeling eling,
ati tansyah eling marang Gusti,
roso katresnan kang sejati,
roso marang gusti ,
roso ingkang kedah dipun landesi raos ikhlas,
mboten angarep-arep piwales punopo-punopo,
ananging namung kedah tansyah anyawijekaken jiwo,rogo,
ati dumateng gusti,,kanthi raos ikhlas.
jer manungso namung sakdremo kathitah wonten ing moyo podho puniko...namung setunggal injih puniko tansyah ibadah dumateng gusti ALLAH ingkang moho kuaos...
kamulyan manungso mboten ka ukur saking derajat ,pangkat,bondho donyo...
lamung satunggal ingkang saget ndadosaken kamulyaning manungso injih puniko,iman kito saget pun betho dipun persembahaken dumateng gusti allah..
injih puniko manungso ingkang saget tansyah eling dzikir allah wonten ing sakjroning manah kito ,permenit,perdetik tanpo kendat,wonten ing sedoyo tindak lampah kito,
kenjemaken asmanipun ALLAH wonten sakjroning manah ampun ngantos kadedel.."kito sanes punopo-punoko mboten langkung mulyo saking barang ingkang paling ino"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar